katasimbah.com – Nang samping pos ronda, Yu Jum nggelar dagangan. Hasil bumi tumplek blek dadi siji. Mulai pala kependhem sampek pala gumantung cemepak. Durung buah lan sayurane. Bawang, brambang, lombok, pare, pete, jengkol, jangan bung, sawi, bayem, kangkung, sop komplit.
Ben isuk, emak-emak ngumpul nang nggone Yu Jum. Tanpa dikomando, dalam sekejap emak-emak wis kemruyuk. Karo milih sayur, mereka do nggosip.
“Beh, anake Jeng Juminten kae lho, jane wis wayahe mlebu TK. Kok ora disekolahne to. Mesakne anake,” jare Yu Jah.
“Lah nyapo to Yu, emang enek opo to?” jare Yu Citul kepo.
“Krungu-krungu, jarene eman mbayar sekolahe Yu. Lagi situasi koyok ngene, kan sekolahe online. Sekolah online mbayar penuh. Eman duite. Beh padahal emas2ane Jeng Juminten kan pating grantul ngono ya.” jare Yu Jah.
“Podo karo Ronaldikun berarti. Anake Jeng Ngatno kan yo gak dilebokno TK. Jare alasan biaya lan sekolah online. Alah mandar sek TK ae, engko langsung SD ae. Jarene ngono. Beh padahal sampeyan yo ngerti dewe to yu, emas2ane Jeng Ngatno kae kan yo gemrantul,” jare Yu Ning.
“Lha yo, lha terus anake awake dewe iki, kok wingi podho dilebokne TK iki piye to?” jare Yu Mi bingung.
“Alah Yu Mi. Wis ben wae, ancene iki zaman wis berubah. Mungkin pancen zamane yo sekolah online. Nek gak sekolah, anakku engko ga nduwe pengalaman TK. Duit iso digoleki to Yu Mi. Tapi pengalaman bocah sekolah ngene iki sing ga iso diulangi. Nek awake dewe iki gak ngikuti perubahan Yu Mi, awake dewe sing diubah karo zaman engko,” jare Yu Tun.
“Pandemi iki kuwi dadi game changer kehidupan awake dewe ke depan, ngono lho yu. Mosok podho gak update?” jare Yu Imas.
“Heee..game opo kuwi Yu. Anakku tak larang ngegame,” jare Yu Ciprut.
Hahaha, kabeh ngguyu bareng.
Jakarta, 29/02/2121 19.32
#katasimbah
Game Changer
Date: